Rabu, 25 Desember 2013

NGAWI MAS

Ciptaan : ??
Vokal : Didi Kempot f. Sri Mantingan
Produksi : ??

pr :
LUNGO NENG KEDUNG GALAR MAS,
MENOPO TENG SOOKO NGALE,
PAMIT MULIH NGASAR,
NENGOPO NGANTI YAHMENE..

lk :
KOWE OJO SAMAR DIK,
OJO NGGREMENG WAE,
TRESNAKU RA KEPYAR,
SEPRENE MUNG KANGGO KOWE..

pr :
PAMITE NENG GENENG MAS,
JEBULE NENG PARON,
YEN SAMPEAN TEMEN,
JO GAWE ATIKU KOBONG..

lk :
MAMPIR MENYANG JRUBONG DIK,
BABLAS NENG DUNG PRAU,
AKU ORA BOHONG,
TRESNAKU KANGGO SLIRAMU..

reff :

pr :
NGAWI MAS, NGAWI..
NGAWI MAS KUTHANE,
JANJI MAS, JANJI..
SING PENTING NIKU BUKTINE..

lk :
NGAWI DIK, NGAWI..
NGAWI DIK KUTHANE,
MONUMEN SURYO SEKSINE,
TRESNAKU KARO KOWE..

LANGIT MENDUNG KUTHO NGAWI

jeng,
tak tulis layang iki
naliko langit kebak mendung
gawang gawang katon lelakon kang wes kapungkur
naliko tak sawang netramu ing tegal papungan
tak laras pipimu ing watu kendal
lan tak geget latimu ing sendang glagah
ahhhhhh,
nanging ora jeng
jebul tresnamu cetek koyo kali kang kebak padas
ringkih koyo kayu gapok
garing koyo jati aking
aku wes ora duwe pangarep-arep maneh jeng

dalan ikiii mbiyen nate tak liwati
nalikane langit mendung kutho ngawi
sendang glagah wes kinurip jroning ati
saben liwat aku ora biso lali

tak ulati isih koyo wingi uni
ora kroso luh tumetes mbrebes mili
roso nglangut yen katon-pan tanpo pagut
katresnanku rinenggut purpaneng pesthi

MADIUN NGAWI

Madiun Ngawi

Ciptaan : Sonny Josz
Vokal : Sonny JOsz
Produksi : ??

____________________________________

Terminal madiun ngawi, kenanganku
Ora bakalan, aku ngelalekke
Mbiyen aku nduwe pacar, anakke pak tukiran
Bakul pecel ono ning pinggir prapatan

Terminal madiun ngawi, nggen dolanku
Ora bakalan, aku ngelalekke
Mbiyen jaman semono, kowe janji karo aku
Nanging nyatane, kowe ngingkari janjimu

reff :
Yen aku kangen, kangen karo sliramu
Tak sawang-sawang, fotomu ning dompetku

Yen aku kangen, kangen karo sliramu
Tak elus-elus, fotomu ning dompetku

Opo kowe ra kroso, tak batin saben dino
Ra bakal ilang, fotomu ning dompetku
Opo kowe ra kroso, tak batin saben dino
Ra bakal ilang, jenengmu ning atiku

reff :

Terminal madiun ngawi, nggen dolanku
Ora bakalan, aku ngelalekke
Mbiyen jaman semono, kowe janji karo aku
Nanging nyatane, kowe ngingkari janjimu

Yen aku kangen, kangen karo sliramu
Tak sawang-sawang, fotomu ning dompetku

Yen aku kangen, kangen karo sliramu
Tak elus-elus, fotomu ning dompetku

Opo kowe ra kroso, tak batin saben dino
Ra bakal ilang, fotomu ning dompetku
Opo kowe ra kroso, tak batin saben dino
Ra bakal ilang, jenengmu ning atiku